Selasa, 13 Desember 2011

p h i t i k

Ning ngarepe omahku ono pithik. Pithik-pithik iku werno wulune macem-macem. Ono sing abang, ireng, putih, lan ono sing blorok.

Pithik sing wulune ireng bles, diarane cemani. Cemani sing asli, gak mek wulune thok sing ireng, tapi daging lan getihe ugo ireng. Pendeke, jobo ireng njerohne yo ireng. Pithik jenis iki biasae dienggo sesaji, sebab disenengi karo bongso alus.

Pithik sing putih bles, jenenge putih mulus. Njobo putih, njeruhne ugo putih. Ora ono gudhike blas. Pithik iki biasae dianggo sesaji, tulak balak. Sebabe putih ikut perlambang bersih.

Pithik sing wulune cilik- cilik, darane pithik cemoro. Pithik iki biasane diango upacara buang sangkal, kelawan diculno ning tengah-tengahe alun-alun kertosuro.

Pithik tukung, pithik sing kethok buthunge. Pithik iki ketok gak tahu kathoan. Bokonge gedhe megal-meghol ora ditutupi opo-opo.Mmangkane disenegi wong-wong, sebab ngendogan.

Pithik blorok, wulune wulesi campuran. . Diarani belorok, wulesi pithik ora jelas. Putih, ireng, aang, kuning lan liyo-liyane, campur dadi siji dianggo nutupi awake.Pithik iki biasae ndablek pating semlamber, tapi yo pinter ngendog

Ono mene, pithik sing nang ngarep omahku iki, cucuke abang branang amergo kakean bengesan. Mangane doyan, tapi ora tahu ngendog. Ora jelas statuse, rondo opo prawan. Ora keno dijagakno sobo kandang opo neng lapangan.  Ora gelem mangan jagung, tapi senengane mangan ning restoran. Sakbendino ngempit dompet, dianggo madahi duwek atusan ewon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar