Kamis, 15 Desember 2011

J A R A N


Jarene wong-wong aku diarane “jaran” saka tembung kirata basa nek “dijarno sak paran-paran”. Iso melayu menyang ngendi wae. Kadang lewat gunung, nyebrangi kali, neng padang pasir uga neng dalan sing roto.

Diarani jaran, aku yo ora seneng-seneng tok, sebab kadang aku dipadani ora duwe udhel. Padahal udhelku wis tak pamerno lewat endi ae. Kadang nang ndukur pentas ambek menyanyi, neng  dalan-dalan sing tak lewati, uga kadang sengojo mejeng nang pasar ugo tempat rekreasi. Tapi diarani aku iki jaran, masio wis tak kandak-kandakno marang sopo ae, tetep ae aku diilokno ora duwe udhel.

Aku jaran, sepisan jaran yo tetep ae jaran. Masih diapak-apakno yo pancet jaran. Mangkane aku seneng gak kelambian. Kanggo ngindari wadanane wong-wong, aku nggawe koco moto khusus jaran, sing sering diarani wong-wong “Kacamata kuda”.

Sing marai aku ora iso seneng-seneng dewe, amergo aku ditumpaki wong akeh sarono gantian. Nek playuku banter sering dijuluki “Kuda Terbang”, sebab iso ngajak wong sing numpaki aku keroso ning awang-awang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar