Kamis, 15 Desember 2011

K O D O K


Aku iki kodok. Sewaktu isih cilik, Aku dijenengno percil. Sakdurunge percil aku dadi ceblong dishek. Wong Indonesia nyebute brudu.

Waktu isih dadi ceblong, urepku neng belong. Sak bendino mangan turu ning banyu. Ora tau ngomong, sak bendino mbisu. Ora ngerti cah ayu yo ora ngerti  sopo awakku. Masiho neng buthungku ono buntute, tapi aku ora ngeroso isin. Ning pikiranku sing penting awakku dadi lemu. Pingin cepetan dadi percil terus dadi kodok.

Waktu dadi percil, mripatku wis iso pecical-pecicil. Uripku wis mulai akeh pola. Sithik-sithik aku dolan menyang kali, ugo kadang-kadang mencolot neng sawah. Maktu ning kali aku diseneni sebab kuatir keli iline banyu sing banjir. Banjir kaline amergo sampah sing dibuangi wong-wong kentir. Sampah-sampah iku anane macem-macem. Ono sing arane kancut, kutang ugo pembalut. Nek biyen aku seneng dolan neng kali. Banyune bersih ora ono sing ngerusoni. Meline katon lirih, keroso kepenak  ning ati.

Saiki aku wis gedhe. Aranku dudu ceblong ugo dudu percil. Tapi aku dijenengi kodok. aku bebas manyang endi ae. Suoroku kepenak, senengaku nyanyi-nyanyi sak ben bengi., sehinggo akeh wong sing ngincer.

Saben wayah bengi akeh wong nyuluh kodok. Aku saiki dadi burone wong akeh. Nek sampik kecekekel aku disembelih. Nang restoran pupuku ditoleki wong-wong, arepe dipangan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar